Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Adhiluhung "Rebutan Luput"

 

Rebutan Luput, Artikel Bahasa Jawa Adhiluhung

ADILUHUNG

REBUTAN LUPUT

Dening: Rita Nuryanti


    Ana pocapanipun,
    adiguna adigang adigung
    pan adigang kidang adigung pan esthi,
    adiguna ula iku,
    telu pisan mati sampyoh.

    Si kidang ambegipun,
    angandelken kebat lumpatipun,
    pan si gajah angandelken gung ainggil,
    ula ngandelaken iku,
    mandine kalamun nyakot.

    Rong pada tembang Gambuh pethikan saka Serat Wulangreh anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV ing dhuwur nggambarake sato kewan, minangka sanepane manungsa kang ngendelake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinterane. Tetelune rumangsa paling onjo,  paling hebat, tanpa tandhing. Padha dene nggegegi kaungulane dhewe-dhewe,  ora gelem ngakoni kaluwihane liyan, wusana pancakara adu katiyasan. Emane ora ana kang unggul ing ayuda kepara padha tiwas ndhepani bantala.

    Iki minangka gegambaran wewatekane manungsa kang tan kuwawa meper  hardaning hawa. Pepenginane ora kelakon, malah nyawane dhewe kang dadi tumbal ubaling nepsu kang makantar-kantar kan tan kena sinapih. Padatan, pawongan liya kang menggak dianggep ngalang-ngalangi laku. Ora kok matur nuwun amerga wis dielingake, nanging kaya ditetangi ajining dhirine. Ancas becik ora ditampa apik. Dicuthik disebratake, diundhamana ora ana enteke. Sapa kang rugi? Ora wurung ya awake dhewe, kepara bisa ngembet wong liya. Mesakake ta?

    Upama, antarane si kidang, ula, lan gajah, siji wae ana kang ngalah, ngaku salah utawa luput lan gelem njaluk pangapura, mbokmenawa beda kedadeyane. Apa maneh kang wis menep lan wening pamikire kasebut  bisa ngerih-erih, ngeyem-eyemi, sarta mbombong siji lan sijine, cetha becik kabul kawusanane. Tetelune duwe kaluwihan, duwe pethingan kang bisa diendelake, menawa didadekake sawiji, golong-gilig, mesthi murakabi. Ora mung kanggo pribadi nanging nyrambah marang titah liyane. Kang nduweni kaluwihan nyawiji, ayom ayem tentrem bakal rinegem.

    Menawa ditrepake ing panguripan saben dina, ing bebrayan, gelem ngakoni luput bisa ngudhari perkara kang semrawut. Ora ateges ngilani, nanging ing antarane wong sewu, durung mesthi ana siji kang kasinungan wewatekan mangkono. Padatan, bener iku mung siji, padha dinggo rebutan.  Ngakoni kaluputan dianggep ina, ngedhunake ajining dhiri, utawa kang ora nduweni rega. Kosok balene kalamun bakuh kukuh kenceng nggondheli bener, sanadyan benere mung miturut panemune dhewe,  dianggep kang bener, kang nduweni aji lan martabat kang dhuwur. Salah kaprah, kang bisa njalari bubrah. Kriwikan kudune enggal ditambal, aja nganti malah saya rowa dadi grojogan.

    Ing kulawarga lumrah wae yen tarkadhang ana selingan regejegan. Ketemu saben dina ana wae kang njalari salah tampa. Karepe abang jebul tinampa ijo, ungu, kepara klawu. Ora aneh, jer beda-bedaning panemu. Upamane,  ing dina Minggu Bapak ngersakake dolan menyang pesisir mupung prei. Karana ngajake ndadak, Ibu durung persiapan, durung umbah-umbah. Ibu nyemayani umbah-umbah dhisik kareben sesuk ora kakehan kumbahan, ora kewuhan golek papan kanggo mepe. Rampung sakabehe Ibu dandan mlithit, siap mangkat.

    “Wis telat. Kebacut awan, wis panas!” Ibu mlenggong. Tumanggape Bapak slenca klawan kang dikira. Rumangsa wis direwangi rekasa, Bapak  ora ngregani, Ibu dadi  cuwa lan nggedumel ora ana enteke kanggo nyuda cumlekiting rasa. Bapak ora trima, genti ngundhamana. Perang tandhing, uncal-uncalan tembung kang ngabangake kuping. Anak uga gulung koming. Wis kadhung seneng lan mbayangake keceh ing gisiking samodra, jebul ora sida.

    Swasana kang wiwit esuk adhem ayem tentrem, malih nyremomong panas keslomot ati kang kobong. Jalarane mung siji, kabeh rumangsa bener. Rebutan bener, benere dipek dhewe. Bapak rumangsa bener. Mbok nglegakake sing ngajak, cekat-ceket. Nuruti gawean ngomah, nyuwen-nyuweni. Tumrape Ibu, wong umbah-umbah nggone wong saomah kok ya ora dadi ati. Tinimbang nesoni mbok ngrewangi, cepet rampung. Kanggone bocah mangkonoa, wis janji kok mblenjani, nggelan-nggelani.

    Wong saomah padha ngampet rasa mbedhegel, mangkel karana rebutan bener. Beda menawa padha rebutan luput.  Upama Bapak ngendika, “Aku sing luput, Bu. Kudune yen ajak-ajak ora ndadak. Ya wis, ayo takewangi umbah-umbah kareben enggal rampit.” Ibu mangkonoa, “Aku luput Pak, nyuwun pangapura. Bapak kesuwen anggone nunggu.” Kalamun Bapak lan Ibu kanthi lega legawaning driya padha kersa mangkene iki, ing kahanan kang kepriye wae bakal padha tetep sumeleh, tetembungan kang kawetu rinasa anyep rumesep ing kalbu. Adoh saka panyakrabawa ala, anane mung padha dene nglengganani kekurangane dhiri. Tuwuh pitakonan, ngakoni luput apa pratandha jagade kukut? Lha rak tiba suwalike, saya jembar lan padhang jagade.

    Iku ing kulawarga. Sajroning bebrayan klawan masyarakat, tarkadhang tanpa sengaja uga ana seling surupe marang tangga. Tuladha, bocah padha bocah (A lan B) karana perkara sepele padha kerengan. A nangis,  wadul wong tuwane (C). C nuli nemoni B, saperlu ngandhan-ngandhani, karo kanca sing rukun, ora perlu regejegan. D, wong tuwane B ora narimakake. Bocah kerengan karo bocah wae, geneya wong tuwa melu cawe-cawe? Tanpa ngrunut larah-larahe, D langsung nladhung, padudon rame klawan C. Meruhi wong tuwane udreg-udregan rame, A lan B padha nonton lan bali gathuk, dolanan bebarengan. Welleh..., welleh!

    Beda kang cinarita menawa C nggoleki B lan D njaluk pangapura, ngakoni menawa anake kang luput. Semono uga D, ora kok banjur methingkring rumangsa bener, nanging uga njaluk pangapura menawa B kang njalari.  Bocah kerengan iku lumrah, ora genti waktu rak wis akur  mbaleni anggone dolanan. Karana rebutan luput, uga banjur luput saka crah kang gawe bubrah.

    Tuwuh pangangen-angen. Kawiwitan saka kulawarga, sumrambah RT, RW, desa, kapanewon lan sateruse, menawa ana perkara padha dene rebutan luput, ing kasunyatane akeh kang manggut-manggut. Seneng. Ati ayem, ora mrekengkeng. Sumangga karsa, apa isih lingsem menawa arsa rebutan luput klawan garwa, tangga, lan kanca? 


    
    
Dimuat di Kedaulatan Rakyat
Rubrik Adhiluhung (Artikel)
Jumat Legi, 28 Agustus 2020

 

Kusworo, M. Pd.
Kusworo, M. Pd. Mencoba menulis pengalaman, agar bisa dibaca oleh orang lain, semoga bermanfaat. Nomor Whatsapp +6281326649494

Berlangganan via Email