Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Artikel Berbahasa Jawa (Adhiluhung) "Nyetel Ati"

 

Artikel Berbahasa Jawa Adhiluhung "Nyetel Ati) Karya Rita Nuryanti Kenya Giri Seta

Artikel Kedaulatan Rakyat (ADILUHUNG)
NYETEL ATI
Dening: Rita Nuryanti


    Kang kalumrah tembung nyetel digunakake kanggo nguripake barang elektronik. Nyetel radhio, nyetel tivi, nyetel utawa nyocogake jam kang ora cocog, nyetel mesin supaya kepenak anggone, lan sapiturute. Geneya nyetel ati? Apa ati kaya dene barang kang bisa diothak-athik, disetel miturut karep? Sapa kang bisa nyetel? Kudu pawongan tartamtu, apa sapa wae bisa waton gelem lan mbudidaya?
    Ana pratelan, ing awake manungsa ana barang cilik wujude, nanging ngedab-edabi pangaribawane.  Kalamun barang kasebut ing kahanan becik, becik uga pawongan kang kasinungan. Ewasemono menawa  ala, gempil pating cruwil  kepara suwek dhowak-dhawek,  wus kena dipesthekake uga ala pakartine pawongan kasebut, bisa  ditembungake koncatan watak kamanungsan.  Cilik barange, ora baen-baen trajange, yaiku ati.
    Ing pasrawungan sok keprungu ana awongan kang alok, “Wah, Pak Abas kae jan  ati segara tenan. Diuneni kang nunjem rasa kok ora apa-apa. Aja maneh mendhem pangigit-igit, serik wae ora. Nggumunake maneh, yen dijaluki tulung tanpa wigah-wigih nuli gurawalan nyorohake bandha utawa tenagane. Yen aku mbok uwis, lumuh nganggur kendhangan dhengkul!”
    Ati segara minangka gambaran pawongan kang sugih pangapura, tetep sareh kalane atine keslenthik mawa tetembungan kang ngabangake kuping. Mbokmenawa ing telenging batin uga ora narimakake nanging nuli bisa nata ati. Kwagang  milah lan milih tumanduking raga kang bener tur pener, uga kuwawa nintingi tembung kang alus manuhara nuju prana. Dijaga aja nganti ngimbangi tetembungan kang anyenyengit , apa maneh jor-joran menang-menangan. Aja nganti. Kang diudi, bisaa nentremake liyan, ngedhem ubaling hawa.
Adhep-adhepan klawan pawongan kang duwe ati segara, ing rasa uga cles nentremake. Pasrawungan dadi nyenengake lan mardika. Lire, kepenak anggone wawan pirembugan, ora kebak was sumelang. Omong penak-penakan, mad-sinamadan, geguyon sembrana parikena. Anane mung seneng, kena kanggo panglipur, lan tamba kesel sawise nyenthuk makarya.
Beda klawan ngadhepi pawongan kang brangasan. Gampang muring. Arep  ngene mengko gek ditampa beda. Ora niat apa-apa, mengko gek ora dadi karepe.  Mrekewuhi. Ya yen sing ngadhepi wong kang sumeleh, sabar utawa duwe ati segara. Pindhane tumbu, ora entuk tutup. Ora sida dadi. Nanging yen tembung panas ditandhingi panas wusana bel, kobong! Kurang bejane dadi udreg-udregan rame. Kriwikan dadi grojogan.
    Sapa sing menang? Sing menang hawa nepsu. Pawongan kang pancakara padha dene kalahe karana ora bisa ngendhaleni ubaling hawa. Katona, hawa nepsu  ngguyu lakak-lakak, semu pangece. “Gene, diojok-ojoki manut!” Kira-kira mangkono panyengese. Yen wis rampung, anane mung getun keduwung. Gela, geneya mau ndadak nanduki. Upama ora,  mesthine bakal beda kasunyatane. Ora crah klawan liyan, ora ana memungsuhan. Samubarang kang ora ngepenakake bisa diudi, digoleki pamarsudi  kanggo ngawekani. Carane?
    Nyetel ati. Ing bausastra, tembung nyetel bisa ditegesi nggathuk-nggathukake, ngetrapake, ngepasake. Upama, rodha pit utawa motor kang ubenge rada nggliyer, kaya ngglendre dhewe ngiwa utawa nengen, merga setelane kurang pas. Kareben kepenak, kudu disetel. Mesin jait dienggo kok benange mlumpat-mlumpat, lha perlu disetel supaya dadi dhamis. Banjur, kepriye nyetel ati? Apa kaya nyetel barang?
    Kang  bisa sinawang, ati minangka perangan ing jero kang empuk (tumrap pring, gori, lan sapiturute), uga peranganing jeroan kang dianggep tandhon sarining pangan. Kang tan kasat mata, ati mujudake telenging rasa kabatinane manungsa. Sapa kang bisa mangerteni isining ati? Ora ana liya kajaba mung pawongan kasebut lan Gusti kang Maha Wikan. Nanging ana tetembungan, lair mono utusane batin. Apa kang kalair, ya iku kang sumimpen ing batin. Batin ngejawantah ing tata lair. Batine mangkel mrekengkel, marang liyan mesthi katon mrengut njekutrut. Apa maneh nganti kesenggol, bisa uga nuli mumbul-mumbul ndadi, kang tundhone yen wis mendha dadi gela nggembuleng ngebaki rasa.
    Mula, satemene, sadurunge nuruti kang nglelithik ati luwih becik ditintingi luwih dhisik untung rugine, prayoga lan orane. Migunani apa mitunani. Yen ana guna pedahe enggal kawahyakake, dene yen prempeng arep muntap, prayoga ambegan landhung sinambi nyetel ngunggah ngudhunake perkara, nyapih hawa. Apa gampang? Apa saben pawongan bisa? Pancen ora, ora mung saderma kaya nyetel barang utawa mesin gawean. Perlu latihan, diudi, lan digegulang, kaya geguritane Ki Juru Bangunjiwa ‘Gegulang Watak Becik’ kang kapacak ing antologi ‘Tilik Wewisik’ Kundha Kabudayan DIY (2019).
    Ati drengki ambeg suci, watak meri
    den prayoga didohi
    tindak tan tata
    kalamun den uja,
    temah kepatuh dadi watak.
    Becik ati semeleh tindak sareh
    gunem sumeh,
    nekakake mitra akeh
    ati jenjem watak ayem
    yen den udi gawe adhem.
    Watak ladak tembung santak
    tindak tan sumanak,
    marakake atine liyan kecangklak.

    Kang kasebut ing dhuwur minangka tuladha pambudi kanggo nyetel ati. Pakartine ati kang ora becik, becike disirik. Didohi, kepara dibuwang aja nganti bali apamaneh ninggal tilas, aja nganti. Dene pakartine ati kang agawe tentrem ayem, memayu hayuning urip bebrayan, prayoga diupakara. Upama ana hawa nepsu angreridhu enggal dikipatake, diganti kang ngedhemke kalbu. Witing bisa jalaran saka kulina. Sumangga.

    

Dimuat di Kedaulatan Rakyat (KR Jogja)

Artikel (Adhiluhung)

Jumat Wage, 25 September 2020


    


 

 

Kusworo, M. Pd.
Kusworo, M. Pd. Mencoba menulis pengalaman, agar bisa dibaca oleh orang lain, semoga bermanfaat. Nomor Whatsapp +6281326649494