Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Cerita Cekak (Cerkak) "Dwimuka" Karya Rita Nuryanti

 

Cerita Cekak (Cerkak) "Dwimuka" Karya Rita Nuryanti
Foto Naskah

DWIMUKA

Dening : Rita Nuryanti

 

            “Sssttt!!! Sengkunine teka. Dha meneng! dilaporke ngko!”

            “Dheg!” Atiku kedhodhog. Lagi wae sikil manyuk ruangan, wis ditampleg tetembungane Rusdi kang ora ngepenaki rasa. Batinku ewuh aya. Arep mangsuli, ya yen ditujokake aku. Yen mung meneng, bola-bali aku krungu. Cemesan paraga Sengkuni ing pewayangan, kaya-kaya pancen kanggo aku. Ing gendi papan sauger aku njedhul, tembung kasebut uga mencungul. Piye jal?

            Aku pancen ora ahli pewayangan, nanging aku ngerti kepriye wewatekane Sengkuni. Sanadyan sejatine ora narimakake, nanging kalane aku uga metani dhiri pribadi. Apa watakku bener kaya Sengkuni?

            “Dit, satemene sapa ta sing dikarepake Sengkuni kuwi?” Tinimbang nggembol panyakrabawa, klesak-klesik aku takon Adit kang lungguh ing jejerku.

            “Ngendi wae ora ana durjana blaka suta! Sengkunia ngakune berbudi kaya Puntadewa!” Dudu Adit, nanging Rusdi kang mangsuli kanthi tetembungan lan suwara kang ora kepenak dirungokake.

            “Mas Rusdi, lha aku ki ngapa ta?” Gemlethega na njero dhadha, ing pangucap taksabar-sabarke.

            “Meksa ora krasa?” Rusdi ngadeg, methentheng ing ngarepku.  “Kowe lapor apa marang Pak Beni yen pinuju ditimbali?”

            “Sumpah, Mas! Yakin! Padatan yen aku ditimbali mbeneri ana tamu, banjur kadhawuhan nindakake pamundhute tamu kasebut. Ngeprint, fotokopi, utawa liyane. Rampung ya wis, metu.”

            “Ning rak ora didukani ta? Mesthi kowe tukang wadul! Nyatane, saploke kowe ana kene, akeh kang kerep nampa duka. Kabeh wis tau ngrasakke. Kejaba kowe mesthine! Dhasar penjilat!” Ora trima mung lantaran suwara, Rusdi nyekethem gulon klambiku, ditarik munggah.

            “Rusdi!”

            Cep klakep. Kaya orong-orong kepidak, kabeh padha meneng. Ora ngira jebul Pak Beni wis jumeneng ing saburine Rusdi. Kanthi lon-lonan Rusdi nglorot tangane, kang meh nekak guluku.

            “Sok jagoan ya kowe! Mlebu ruanganku!” Gembleger, pangandikane Pak Beni.

            Kaya kebo dikeluh, Rusdi tut wuri tindake Pak Beni. Panyawange nunjem bumi, ndhungkluk amarikelu.

            “Wadhuh, gara-gara aku iki!” Kepriyea aku rumangsa salah, dadi dalan Rusdi didukani.

            “Ya ora ta Gung..., Agung! Tenangna pikirmu!”

            “Eh, Gung! Blakaa, apa bener kowe durung tau didukani Pak Beni?” Harya nyedhak.

            “Sumprit, Har! Lha ngapa didukani yen ora luput?”

            “Ha ha ha..., belum tahu dia!” Harya ngguyu lakak-lakak.

            “Mangertia, Gung! Mbuh bener mbuh luput, sauger Pak Beni ana masalah sithik wae, karyawan sing dadi sasaran. Ning ya kuwi, yen ana tamu banjur malik grembyang dadi ririh ruruh alus manuhara.” Adit nerangake.

            “Iya, pa ya?” batinku ngudarasa. Tekadku, aku ora bakal ewang-ewangan endi kang bener lan sapa kang luput, nanging kepengin mbeningke kahanan. Pimpinan lan andhahan becik padha mad-sinamadan, aja nganti  seling surup kang ora ana enteke.

            “Ora adil! Dumeh kuwasa njur sawenang-wenang! Titenana! Sangkan paran sing mbales!” Bedhengus, Rusdi mlebu sinambi muni-muni ora karuan. “Kabeh gara-gara kowe!” Rusdi nyedhaki aku, mripat mentheleng kebak kanepson.

            “Ya sing gedhe pangapuramu Mas Rusdi, yen aku kok anggep luput!”

            “Ra guna! Seneng ta kowe, yen aku sengsara!”  Srat-sret Rusdi njupuk tas, jaket, gegancangan metu.

            “Ngapa, Rus?” pitakone Harya.

            “Skors sesasi tanpa gaji!” Rusdi ngibrit metu, tan maelu kanca-kanca kang pating craek nguncalake pitakonan.

            Umyeg. Sapungkure Rusdi ruangan dadi brebeg. Gembrenggeng kaya tawon kombang. Kabeh padha ngandhakke  Rusdi kang lagi ketiban apes. Ora mung nampa deduka, nanging nasibe uga kegawa. Saur manuk, panyakrabawa ala madhul madhul mumbul. Ngati-ati tenan klawan Pak Beni, ndrawasi.

            “He! Kowe ki kerja padha dibayar! Ora mung kon ngrasani kepalane! Pengin pa, nusul Rusdi! Sapa sing ora trima, kena majua!” Lagi nedheng-nedhenge rembug gayeng, Pak Beni rawuh. “Harya, sing paling tuwa, ora bisa dadi tuladha! Adit, tandang gawe ora cag-ceg! Klelar-kleler kaya wong cacingen! Agung, cah wingi sore ndadak melu-melu. Kowe ki isih uji coba, yen neka-neka, pengin tak tendhang?”

            Krungu pangandikane Pak Beni kang pungkasan, aku ndhredheg wel-welan. Pancen bener critane para kanca. Aku njur kudu ngapa?

            Taklirik mbaka siji, kanca-kanca padha tumungkul, obah wae wedi. Satleraman kaya reca, nanging isih kasinungan ambegan.

            “Ngapa, Gung! Plirak-plirik! Nantang apa piye?” Awakku njumbul saking kagete. Ora ngira jebul pak Beni mirsani saparipolahku.

            Tanpa sadhar, aku ndangak. Mripatku adu tempuk klawan Pak Beni.

            “Sugeng siyang, Pak Beni!” Ing menit lan dhetik kang padha, keprungu suwarane tamu uluk salam.

            “Eh, mangga Pak Darjo! Sugeng rawuh! Kadingaren boten paring kabar rumiyin!” Pak Beni kamisosolen anggone wangsulan.  Taksawang, pindha sagebyaran thathit Pak Beni muter gulu. Perangan rai ing ngarep, sret, dipindhah memburi. Aku sumlengeren. Kok bisa ya? Anehe maneh, praupan kang sakawit mbranang makantar, malih eedhum angayomi.

            “Agung, Adit, Harya, kepriye ta, ana tamu kok padha meneng wae. Ayo padha salaman!” Muter 380 derajad, Pak Beni malih alus merak ati. Sanalika aku  kelingan tariane Didik Nini Thowok, Dwimuka, nggambarake pawongan  kang dhobel rai, dhobel watak, gumantung kabutuhan.

            Aku kudu priye? Crita marang kanca, ateges ngewer-ewer wadine Pak Beni, apa tak ndhem dhewe? Pak Beni wis ngerti, mesthine ora bakal neka-neka. Sing cetha, aku kepengin ngrauk lan nyopot raine Pak Beni kang watek ala. Bakal takpendhem jero, utawa taklarung menyang segara. Muga-muga.

Puri Handayani, 040620 

                   


           

             

Kusworo, M. Pd.
Kusworo, M. Pd. Mencoba menulis pengalaman, agar bisa dibaca oleh orang lain, semoga bermanfaat. Nomor Whatsapp +6281326649494