Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Wacan Bocah "Suket Teki"

 

Cerita Anak Bahasa Jawa/Wacan Bocah "Suket Teki"

SUKET TEKI
Dening Rindhawara Annisa Puspandari

 

    Tamansari. Taman anyar ing ndhuwur pesisir kidul. Lagi rampung dibangun rong minggu kapungkur. Isih temata rapi. Wit-witan taman uga lagi rampung ditanduri. Durung ana kembang sing maneka warna. Kabeh isih ijo-ijo lan cilik-cilik, nanging guyub rukun kaya dene kakang adhi. Nalika Pakdhe Kiyat, pawongan kang nyirami tanduran Tamansari saben sore ngecur banyu saka selang, kabeh tanduran mau rebutan cepet-cepet entuk banyu . Kang luwih cepet entuk banyu, uga luwih cepet gedhe. Sok sapa sing weruh anggone rebutan mesthi mesem.

 Ora nganti sesasi, tanduran wis padha gedhe. Wit sing mbiyen cilik, saiki wis dhuwur. Kembang-kembang uga ora gelem kalah anggone ngatonake dhirine. Maneka warna, mekrok, ngresepake pandulu. Kabeh seneng. Tamansari arep dibukak kanggo para wisatawan. Papan iki bakal dadi panggonan sing rame.

Ing wayah sore, nalika angin sembribit, srengenge wis arep angslup, Gogo, wit pelem gedhe, menehi wara-wara. Wit-witan gedhe sing ana ing sakiwatengene Tamansari arep ngenengake sayembara kanggo tanduran anyar. Tanduran sing paling akeh disenengi wisatawan, akeh diajak poto, diceraki, bakal entuk hadhiah.

“Kapan niku lombane, Pak Gogo?” Nining si kembang kuning takon marang Gogo.

“Dina Minggu sesuk, Ning.”
“Menapa ingkang perlu disiapke Pak?” Puput, kembang ungu genti takon.
“Yen kuwi sak karepmu, arep dandan apa kepiye, sing penting kabeh melu ya?”  Gogo nyawang tanduran anyar mbaka siji.
“Siap, Pak!” Rere si kembang abang ketok paling semangat.

Wengine, para tanduran umyeg ngomongke sayembara kuwi. Para kembang ketok paling semangat. Swasana taman dadi rame. Dipadhangi cahyane rembulan. Suara ombak nambahi saya ngelam-elami. Ana tanduran sing meneng wae, yaiku Teki, suket cilik ing pinggir taman. Dheweke arep kepiye wae tetep dadi suket cilik sing dipidak-pidak sapa wae. Jenenge wae suket Teki.

“Mbok ngomong ta, Ki, Teki. Aku ngerti kowe ra bakal melu lomba iki, awakmu cilik menthik kaya ngono paling gur kepidak-pidak, hahaa,” kandhane Titi, si kembang putih.

“Halah wis Ki, minggira wae. Gur mati kowe mengko,” Rere mangsuli, disusul gemuyune kembang liyane.

Sakjane Teki pengin nesu, bengok-bengok. Arepa cilik dheweke njalari taman katon ijo, nyegerke. Nanging ora ana gunane dheweke kaya ngono, mula pilih meneng.

“Genah aku sing menang, sante wae ta Lur!” Puput pedhe banget karo njoget-njoget.
“Enak wae. Iki, wernaku luwih apik,” Nining ra gelem ngalah.

“Wis karepmu cah, tak rungokke,” kandhane Teki ing njero batin, pasrah.

Saiki dina Minggu, dina sing dienten-enteni para tanduran anyar. Kembang-kembang wis ngetokake warna sing paling mencreng. Tamansari wis rame baget. Sabubare dolanan banyu segara, para wisatawan mlaku munggah niliki Tamansari. Akeh sing selfie utawa swafoto karo kekembangan. Abang, kuning, ungu, putih, kabeh warna dinggo selfie. Bosen karo warna abang, pindhah karo warna kuning. Bosen kuning, pindhah ungu. Ngono kuwi seteruse.

Nalika wisatawan wis padha bali, padha dene tanduran ngobrol meneh, ngomongke sayembara sing lagi mentas dilakoni.

“Aku mau dijak poto mbak-mbak cantik lho,” pamere Nining.

“Lha mau ana sak kaluwarga sing poto karo aku,” Puput mesam-mesem.

“Cah cilik sing nganggo klambi jambon mau nyedhaki aku, malahan aku diambu, jarene wangi hihi,” Rere ra gelem kalah.
“Aku ya iya neh. Lha nek kowe Ki?” Titi  mliriki Teki sajak ngece.
Teki meneng wae, ora bisa kumecap. Dheweke ngrasa ora duwe kaluwihan apa-apa, ‘Isih isa urip wae wis matur nuwun,” tembunge Teki ana njero batin.
“Kasihan deh lu,” Nining ngece Teki.
“Pindhaha panggon wae, marai reged kene!” Rere melu nyauri.
“Ya aja, nek ana sing elek rak awake dhewe katon apik! Haha….” Puput cekikikan. “Tatagna atimu ya, Dhik Teki!”

Tanpa diabani, Nining, Puput, Rere, lan Titi nembang menthok-menthok bebarengan kanthi tetembungan sing dipadhakke karo kahanane Teki. Kembang-kembang mau padha njoget kaya dene pedhangdhut ing tipi, mesam-mesem. “Teki…, Teki, tak kandhani. Mung wujudmu angisin-isini. Lha mbok aja ngetok, ana lemah wae. Enak-enak ngorok, ora kanggo gawe. Teki, Teki mung awakmu. Ora apik kaya aku.”

Atine Teki perih, kaya keslomot geni. Arep kepiye ora bisa tumindak apa-apa. Mung meneng lan sambat neng njero ati. Muga-muga kanca sak taman iki padha lejar lan ora ngala-ala meneh.

“Hhrrrrruuuddddd……., krutug, krutug. Bressssss!!!!” Ora kangerten sangkan parane dumadakan ana angin sinartan kemrutug banyu udan deres banget. Tanduran padha mobat-mabit keterak angin. Semana uga Nining, Puput, Rere, lan Titi ora kuwat nahan angin sing kaya-kaya nggembol kanepson. Padha pating jlerit, wusanane krepeg, padha coklek. Godhonge  Gogo sing wis ngrembuyung uga padha gogrog, kari awake wae. Dene Teki biasa wae, ora kena dayane angin.

Ngerteni kahanane Nining, Puput, Rere, lan Titi, Teki mung mbrebes mili. Mesakke, nanging ya ora bisa nulungi. Teki ngunjal napas landhung, ngrasakke apa kang lagi wae dumadi. Jer titah namung saderma nglakoni, aja nganti adigang adigung lan adiguna. Teki tansaya keranta rikala ngerteni Pakdhe Kiyat maprasi Nining, Puput, Rere, lan Titi kang wis tanpa daya.



Wacam Bocah Dimuat dalam Majalah Berbahasa Jawa "Djaka Lodang"
DL Nomor 26, 28 November 2020


 

Kusworo, M. Pd.
Kusworo, M. Pd. Mencoba menulis pengalaman, agar bisa dibaca oleh orang lain, semoga bermanfaat. Nomor Whatsapp +6281326649494